Sunday 19th of May 2024

Kunci Jawaban Buku Kirtya Basa Kelas 7 Halaman 5, Struktur Teks Tanggapan Deskriptif

×

Kunci Jawaban Buku Kirtya Basa Kelas 7 Halaman 5, Struktur Teks Tanggapan Deskriptif

--

Jawaban

Idhentifikasi


Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang  dumadi  saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang.

Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur.

Klasifikasi/Dhefinisi

Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane  sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan.

Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus,    nduweni  dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan  radhius 4 kilometer saka kawah.

Baca juga: Contoh Teks Pembawa Acara Yasin & Tahlil Bahasa Jawa, Dilengkapi dengan Susunan Acaranya

Baca juga: Link Download Susunan Acara Khotmil Quran Bahasa Jawa PDF Gratis, Acara Makin Tertata dan Lancar

Baca juga: Contoh Teks MC dan Susunan Acara Khotmil Quran Bahasa Jawa yang Mudah Dihafalkan

Sekian ringkasan informasi yang dapat kami sampaikan kepada kalian semua. Semoga artikel ini bisa berguna dan bermanfaat ya.

Sumber:

UPDATE TERBARU