Friday 17th of May 2024

3 Contoh Sesorah Pidato Materi Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Untuk Acara Perpisahan Sekolah

×

3 Contoh Sesorah Pidato Materi Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Untuk Acara Perpisahan Sekolah

--

Mugi-mugi sasampunipun lulus saking pawiyatan menika, panjenengan sedaya saged nglajengaken dhateng jenjang ingkang langkung inggil saha saged ndadosaken bangganipun sekolah menika.

Kula minangka wakil saking sedaya siswa kelas 7 nyuwun pangapunten menawi sadangunipun anggen kula matur saha tumindak ingkang boten remen dhumateng panjenengan sedaya.


Kita pamit, mugi-mugi perjuangan kangge nggayuh cita-cita panjenengan saged kasembadan.

Mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi wonten tembung-tembung ingkang kirang remen dhumateng para rawuh sedaya.

Wabillahitaufik walhidayah Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Contoh Pidato Bahasa Jawa Kelas 9 

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabarrakatuh

Puji syukur tansah kita konjukaken dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan ugi kasantosan dhumateng kita sedaya, saengga ing dinten punika kita sedaya saged nyawiji raos wonten ing acara pelepasan saha perpisahan siswa kelas 9 SMP…

Mboten kesupen kita aturaken shalawat saha salam dumateng Rasulullah SAW, mugi-mugi sapangatipun dhumateng kita wonten ing dinten akhir.

Bapak Kepala Sekolah saha Bapak/Ibu Guru SMPN 1 Ngunut miwah para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, keparenga kula minangka wakilipun siswa kelas 9 ngaturaken sesorah ing kalodhangan menika.

Boten kraos lampahe wektu wis cepet sanget. Kala wingi rasane aku taksih mlebet kelas 7, bisa tepungan klawan kanca anyar, guyon-guyon, guyu-guyu, tepang klawan Bapak-Ibu Guru ingkang boten nate ngraos bosen anggone ndhidhik sarta mulang.

Sepisan mlebet ing sekolah ngriki, mesthinipun nate ndadosaken Bapak lan Ibu Guru bingung pripun carane ndidikit kita supados dados bocah ingkang mandiri sarta saged ngabekti dhumateng tiyang sepuh, agami, bangsa ugi nagara.

Kula minangka sesulihipun saking kanca-kanca kelas 9 badhe ngaturaken raos matur nuwun ingkang tanpa upami kagem para bapak lan ibu guru.

Baca juga: 5 Metode Padika Biantara yang Harus Kamu Tau, Sampaikan Pidato Bahasa Sunda dengan Baik

Baca juga: Kumpulan Teks Pidato Santri Salafi Penuh Makna, dengan Berbagai Tema Pembahasan

Awit saking sedaya perjuanganipun lan kaekhlasanipun para bapak lan ibu guru ingkang mucal ing sekolahan ngriki, saged dados lantaran anggen kula sakanca pikantuk biji ingkang sae ing Ujian Nasional.

Salajenge kula lan kanca-kanca ugi nyuwun pangapunten menawi sadangunipun sinau wonten ing SMP ngriki kagungan kathah kalepatan, mboten jarang malah ndamel mangkel manahipun para guru.

Kagem kanca-kanca ingkang sampun lulus, sumangga kita nglajengaken pasinaon dhateng SMA utawi sederajat supados saged mujudaken gegayuhanipun.

Ingkang pungkasan kula nyuwun donga pangestu saking Bapak Kepala Sekolah, Bapak saha Ibu Guru, supados kaliyan kanca-kanca sapurnanipun saking pawiyatan ngriki bakal saged njaga arum sekolah ingkang bakal kaukir ing jiwa raga kula salaminya.

Ingkang pungkasan kula nyuwun agunge pangaksawi menawi wonten tembung sarta tumindak kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjenengan sedaya,

Wassalamualaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Demikianlah informasi mengenai sesorah pidato materi bahasa jawa smp kelas 9 yang dapat kami sampaikan. Semoga bermanfaat untuk kamu yang sedang mencarinya. 

Sumber:

UPDATE TERBARU