Thursday 16th of May 2024

3 Contoh Sesorah Pidato Materi Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Untuk Acara Perpisahan Sekolah

×

3 Contoh Sesorah Pidato Materi Bahasa Jawa SMP Kelas 9 Untuk Acara Perpisahan Sekolah

--

Contoh Sesorah Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Kelas 9

Bapak Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru saha Bapak/Ibu wali murid ingkang kula khurmati, saha para kanca ingkang kula tresnani.

Ingkang sepisan sumangga kita sesarengan ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT awit saking kanugrahan lan rohmatipun ing dinten menika kita saged manunggal wonten ing papan menika saperlu ngawontenaken perpisahan.


Wonten ing ngriki kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas 9, badhe ngaturaken agunging panuwun awit saking kersanipun Bapak Kepala Sekolah, guru-guru saha tiyang sepuhipun siswa anggenipun rawuh wonten ing adicara perpisahan menika.

Salajengipun kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah saha para guru ingkang sampun didik kula langkung saking tigang taun.

Mesthine guru-guru sing wis telung taun nyekolahke kita lan ngembangake potensi kita, asring ngalami kuciwane amarga sikap kita.

Nanging, para guru tetep sabar lan ora kendel anggone ndhidhik, mula sepisan malih kula ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa upami.

Ing kalodhangan punika kula ugi nyuwun agunging pangapunten menawi salamine kula sakanca sekolah ing ngriki kathah tumindak utawi pitutur ingkang kirang mranani tumrap penggalihing para guru.

Pramila kula nyuwun agunging pangapunten ing dinten menika. Kawula ugi nyuwun tulung supados adhik-adhik kelas sedaya tansah sregep anggene ngupadi ilmu.

Ingkang pungkasan kula dalah kanca-kanca kelas 9 badhe nyuwun pamit saha nyuwun donga pangestu dhumateng para guru, supados saged nglajengaken dhateng SMA ingkang sampun kapilih.

Kula sakanca janji menawi ing SMA mangke kita bakal sregep sinau kanggo njagi aruming nami sekolah kita.

Cekap semanten saking kula. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Baca juga: Pidato Bahasa Sunda tentang Bersyukur, Singkat Padat dan Sarat Akan Makna

Baca juga: Contoh Pidato Bahasa Arab Singkat Tema Nilai Waktu dalam Kehidupan Seorang Muslim Beserta Artinya Bahasa Indonesia

Baca juga: Contoh Pidato Bahasa Arab dan Artinya Tentang Pentingnya Adab dan Akhlak, Pas Untuk Acara Tahlilan Keluarga dan Acara Lainnya

Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Perpisahan Kelas 9 

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kinurmatan Kepala SMP Negeri 2 Sumbergempol

Bapak Ibu guru staf sekolah

Para panitia ingkang kula kurmati saha boten kesupen dhumateng para siswa kelas 7 saha 8 saha siswa kelas 9 ingkang kula hormati.

Sumangga kita aturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, taufik saha hidayahipun dhumateng kita sedaya satemah kita saged rawuh ing adicara perpisahan kelas 9 kanthi sehat wal afiat.

Sholawat saha salam mugi katur dumateng junjungan kita Nabi Muhammad Shallallahu Alaihi Wa Sallam dumateng keluarga, sahabatipun ugi kita umatipun. Amin.

Ingkang rumiyin keparenga kula minangka sesulihipun sakin kanca-kanca kelas 7 saha 8 ngaturaken reroncening sambutan ing perpisahan.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

Sampun tigang warsa para senior kelas 9 sinau wonten ing pawiyatan menika, mugi-mugi panjenengan saget pikantuk ilmu ingkang migunani saking pendidikan ingkang dipun paringaken dening para guru.

Sumber:

UPDATE TERBARU