Sunday 19th of May 2024

Rangkuman Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka, Terlengkap di Tahun 2023!

×

Rangkuman Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka, Terlengkap di Tahun 2023!

--

9. Tembung rura basa, tembung entar, tembung yogyaswara, tembung camboran, tembung saroja, tembung garba

a.Ruro basa yaiku basa sing salah kaprah (basa rusak) nanging wis lumrah digunakake.
Tuladha: nggodog wedhang, mangan awan, mikul dhawet, adang sego, nguleg sambel.
b.Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune.
Tuladha : Abang kupinge (nesu), Abang-abang lambe (ora temenan), Abang raine (nandhang wiring).
c.Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese lan dienggo bebarengan.
Conto: Mripate abang mbranang (abang banget), Muga-muga enggal bagas waras (adoh saka lelara).
d.Tembung Garba yaiku tembung lara utawa luwih kang diringkes dadi siji kanthi nyuda wandane, lumrahe ing tembang kanggo ngoyak guru wilangan.

10. Paribasan lan saloka

a. Paribasan
Paribasan yaiku tetembungan kang ajeg panganggone kang ora ngemu pepindan utawa umpama.


b. Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing dipindhanake wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana ing ngarep ukara utawa wiwitane ukara. Pepindhan tegese pepatah/umpama/memper/irib-iriban.

Nah, itulah informasi materi Bahasa Jawa Kelas 7 semester 2 yang dapat kami sampaikan. Semoga bisa bermanfaat!

Sumber:

UPDATE TERBARU