Sunday 19th of May 2024

Rangkuman Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka, Terlengkap di Tahun 2023!

×

Rangkuman Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka, Terlengkap di Tahun 2023!

--

4. Tembung rangkep

Tembung rangkep yaiku tembung sing dirangkep utawa dibaleni kabeh wandane utawa amung saperangan wandane. Jinising tembung rangkep ana 4:

  • Dwilingga
    Tembung dwi lingga yaiku tembung sing dirangkep lingga utawa kabeh wandane. Conto: Gedhe-gedhe, Cilik-cilik
  • Dwilingga salin swara
    Tembung lingga kang karangkep kanthi owah swarane sinebut dwilingga salin swara Conto mloka-mlaku, mongan-mangan, wotak-watuk
  • Dwipurwa
    Tembung rangkep sing dirangkep wanda ngarepe.
    Conto: Bungah= bubungah --- bebungah, Lara= lalara --- lelara
  • Dwi wasana
    Tembung rangkep sing dirangkep wanda burine.
    Conto: Cekak = cekakak, Cenges = cengenges

5. Maca lan Nulis Aksara Jawa

Angka Jawa : 1,2,3,4,5,6,7,8,9,0. Yen angka jawa ditulis ana ukara kudu diapit nganggo tanda pangkat (;;).

6. Tembung Lingga lan Andhahan

a. Tembung lingga yaiku tembung sing durung kawuwuhan sahingga durung owah saka asale. (kata dasar)
Tuladha : Meja, kursi, kebo, jaran, angin, cendhela, dalan, jupuk, tuku.


b. Tembung andhahan yaiku tembung kang wis owah saka asala amarga wis antuk wuwuhan ater-ater, seselan, lan panambang.

Tuladha:
Tandur ---- nandur (n+tandur)
Kalah----- ngalah (ng+kalah)
Pacul ----- macul (m+pacul)

Baca juga: Gambar Komik Tentang Pramuka, Cocok Untuk Edukasi Materi!

Baca juga: Kunci Jawaban Bahasa Indonesia Kelas 7 Halaman 202, Materi Menulis Surat Resmi!

Baca juga: Kenali Jenis dan Ukuran Hebel Lengkap, Material Bangunan yang Banyak Dilirik Saat Ini

7. Jinising Ukara: Pakon, Crita, lan Pawartos

Manut isine ukara kaperang dadi 10 yaiku :

a. Ukara andharan, carita, pawarta (kalimat berita) : Saben dina Senen, sekolahanku nganakake upacara.
b.Ukara pitakon (kalimat tanya) : Sapa asmane Bapakmu, Ndhuk?
c. Ukara pakon (kalimat perintah) : Njupuka buku menyang perpustakaan!
d.Ukara prajanji (kalimat perjanjian) : Yen bijimu apik, mengko dakpundhutake tas anyar.
e.Ukara pangajak (kalimat ajakan) : Ayo, kelase enggal disapu!
f. Ukara panjaluk (kalimat permintaan) : Tulung, aku jupukna garisan kuwi!
g.Ukara pangarep-arep (kalimat pengharapan) : Muga-muga aku bisa lulus ujian mengko.
h.Ukara upama (kalimat perumpamaan) : Umpama bapak lan ibu isih sugeng, mesthi seneng uripku.

8. Unsur intrinsik crita rakyat

· Legenda: Carita rakyat sing isine dumadine sawijining panggonan.
· Legenda Semarang: Legenda rawa pening, legenda Lawang Sewu,
· Legenda Salatiga : Cerita Asal mula Salatiga,.
· Legenda Boyolali : Cerita Legenda Pengging, Legenda Boyolali.
* Sing kalebu unsur instrinsik carita legenda:
1.Tema : Underaning carita utawa bakuning carita. Gagasan pokok.

2.Paraga : Pawongan kang nindakake carita.
a.paraga utama : paraga sing nduweni sesambungan karo kadadean crita sing paling akeh.
b.Paraga tambahan: paraga sing kanggo geganep crita.
c.paraga protagonis : paraga sing nduwe pakarti utawa watak becik/ utama.
d.Paraga antagonis : Paraga sing pakartine/watak ala.

3.Alur: Urut-urutaning kadadean ana ing crita wiwit lekas nganti pungkasan.
Ana alur maju/lurus/ progresif lan ana alur mundur/sorot balik/ flashback/regresif.

4.Latar : Keterangan wektu, panggonan, lan swasana ana sajroning crita.
a. Latar panggonan. Umpamane, desa, kutha, sekolahan, kamar, lsp.
b. Latar wektu. Umpamane; esuk, awan, sore, dina Minggu, tanggal utawa wulan/taun tartamtu.

5.Amanat : Weling saka pangripta menyang pamaose.

Sumber:

UPDATE TERBARU