Sunday 19th of May 2024

Rangkuman Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka, Terlengkap di Tahun 2023!

×

Rangkuman Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Kurikulum Merdeka, Terlengkap di Tahun 2023!

--

2. Pawarta

Pawarta yaiku laporan ingkang menehi kabar utawa informasi marang wong liya ngenani kedadeyan utawa prastawa. Kabar ngenani kedadeyan iku saged dipungiyarake lumantar media elektronik kayata TV, radio, lan internet. Saged ugi dipungiyarake lumantar media ariwarti (koran harian) lan kalawarti (Majalah).

Baca juga: Sebuah Presentasi Tersusun Dari Kumpulan: Penting Banget! Haram di Skip Supaya Materi Kamu Menarik dan Informatif

Baca juga: Contoh Komik Tentang Menanam Pohon yang Simple dan Kretif, Jadi Sarana Penyampaian Materi Belajar Seru

Baca juga: Contoh Soal Tes Masuk Pondok Pesantren Tebu Ireng Terbaru 2023/2024, Pelajari Dulu Materi Ini

Supaya gampang dimangerteni mula kabar ana pawarta dicritakake nanggo pathokan 5 W + 1 H (what  = apa, who =  sapa, where  = ing  ngendi, when  = kapan, why = kenapa lan how = kepriye). Ingkang Nemtokake bobote pawarta yaiku

  • Faktuwal             →   nyata
  • Aktuwal             →   pas wektune
  • Wigati               →   penting
  • Narik kawigaten →   njalari wong maca

3. Tembang Macapat Megatruh

Tembang Macapat ana sewelas antaranipun Maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmarandana, dandanggula, gambuh, pangkur, durma, megatruh, pocung.

Tembang kaiket paugeran: guru lagu lan guru wilangan (dhong-dhing), lan watak dhewe-dhewe. Guru gatra: Cacahing larik saben sapada. Guru lagu: Tibaning swara ana pungkasaning gatra. Guru wilangan: Cacahing wanda ana sagatra.


a. Maskumambang watake susah, nelangsa, prihatin.
Guru gatra 4. Guru lagu lan wilangan: 12 i, 6 a, 8 I, 8 a
b.Pocung watake sembrana parikane.
Guru gatra 4. Guru lagu lan wilangan: 12 u, 6 a, 8 i, 12 a
c. Gambuh watake grapyak sumanak.
Guru gatra 5. Guru lagu lan wilangan: 7 u, 10 u, 12 I, 8 u, 8 o
d.Megatruh watake susah, getun.
Guru gatra 5. Guru lagu lan wilangan: 12 u, 8 I, 8 u, 8 I, 8 o
e. Mijil watake gandrung utawa prihatin..
guru gatra 6. Guru lagu lan wilangan: 10 I, 6 o, 10 e, 10 I, 6 I, 6 u.
f. Kinanthi watake ngemu surasa pangarep-arep.
Guru gatra 6. Guru lagu lan wilangan: 8 u, 8 I, 8 a, 8 I, 8 a, 8 I,
g.Asmarandana watake sengsem, tresna asih amarga lagi ketaman asmara.
Guru gatra 7. Guru lagu lan wilangan: 8 I, 8 a, 8 e, 8 a, 7 a, 8 u, 8 a.
h.Durma watake galak, sereng, muntab..
Guru gatra 7. Guru lagu lan wilangan: 12 a, 7 I, 6 a, 7 a, 8 I, 5 a, 7 I
i. Pangkur watake sereng, antepan ati, lan gagah.
Guru gatra 7. Guru lagu lan wilangan: 8 a, 11 I, 8 u, 7 a, 12 u, 8a, 8 i .
j. Sinom watake prasaja, sabar, kalem .
Guru gatra 9. Guru lagu lan wilangan: 8 a, 8 I, 8 a, 8 I, 7 I, 8 u, 7 a, 8 I, 12a.
k.Dhandanggula watake luwesan, kewes, sarwa mathuk .
Guru gatra 10. Guru lagu lan wilangan: 10 I, 10 a, 8 e, 7 u, 9i, 7 a, 6 u, 8 a, 12 I, 7 a

Sumber:

UPDATE TERBARU