Sunday 19th of May 2024

Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa yang Mudah Dihafalkan dan Dapat Membuat Acara Makin Sakral

×

Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa yang Mudah Dihafalkan dan Dapat Membuat Acara Makin Sakral

--


Baca juga: Mukadimah Bahasa Jawa Halus yang Simpel dan Mudah Dihafalkan

Baca juga: Aksara Jawa Lengkap dengan Pasangan dan Sandhangan, Belajar Bahasa Jawa Jadi Lebih Murah


Baca juga: Link Download Susunan Acara Khotmil Quran Bahasa Jawa PDF Gratis, Acara Makin Tertata dan Lancar

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab  ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala 

LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH

Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek….……….saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken

Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x

 ‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan  !!

Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga  pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken……

Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco

Selajengipun inggih p[uniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak ……………..badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak ……… …….. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.

Sumber:

UPDATE TERBARU