Sunday 19th of May 2024

Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa yang Mudah Dihafalkan dan Dapat Membuat Acara Makin Sakral

×

Contoh Teks MC Pernikahan Bahasa Jawa yang Mudah Dihafalkan dan Dapat Membuat Acara Makin Sakral

--

Baca juga: Contoh Susunan Acara Arisan Keluarga yang Seru dan Meriah, Bikin Suasana Semakin Hangat!

Baca juga: Contoh Gambar Sketsa Komik Anime Mudah Dibuat, Bisa Dijadikan Referensi Untuk Asah Bakat Gambar

Baca juga: Contoh Cue Card MC Acara Beserta Isi Lengkapnya, Bisa Jadi Referensi untuk Pembawa Acara!

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.

Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun  junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun bapak…….dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah,  Amin………

Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.

Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah  ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,

Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.

  1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih:atur pambuko
  2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih
  3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan
  4. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
  5. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
  6. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul ursy
  7. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
  8. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.


Sumber:

UPDATE TERBARU