Sunday 2nd of November 2025

Link Download Naskah Drama Dalam Bahasa Sunda Untuk 10 Orang dengan Tema Komedi dan Persahabatan

Link Download Naskah Drama Dalam Bahasa Sunda Untuk 10 Orang dengan Tema Komedi dan Persahabatan

--



Babak 2
Galuh Ajeng kang duweni niat ala marang Candra Kirana cepet-cepet budal nang alas.

Galuh : Kula nuwun, nopo wonten tiang teng mriki ?

Penyihir : Oh nggeh, monggo mlebet cah ayu, mreneo


Galuh : Nggeh

Penyihir : Awakmu pingin aku nglakoni opo ?

Galuh : Kula pingin pernikahan Candra Kirana kaleh Raden Inu Kertapati diwurungaken.

Penyihir : Oh yo ! aku ngerti maksudmu. Terus kowe pingin Candra Kirana tak apakno ?

Galuh : Sedanten kula serahaken sampean, seng jelas kula pingin Candra Kirana susah.

Penyihir : Yo wes, aku bakal ngutuk Candra Kirana, sehinggo deweke ora iso nikah ambek Raden Inu.

Galuh : Matur suwun nggeh, niki dene mengko yen kutukane pon hasil kulo tambahi seng katah.

Penyihir : Mesti wae, wes saiki aku tak nyepakno kutukan kanggo deweke. Ha...ha...haa...

Babak 3

Sawise njaluk tulung nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang keraton, kepingin ketemu romone.

Galuh : Romo..........romo....romo wonten pundi ?
Wonten ingkang badhe kula aturaken.

Raja Daha : Ono opo ankku ?

Galuh : Niki masalah Candra Kirana romo....

Raja Daha : Ono opo ambek Candra Kirana ?

Galuh : Niki kula nemokaken layang kang ditulis kaleh Candra teng kamare kangge pengawal.

Raja Daha : Opo ? !!! dasar bocah nakal, wes arep dinikahno koq malah pcaran karo pengawal, kurang ajar iku !!!

Dewi Sekar : Sabar...sabar...romo........

Raja Daha : Kirana...............kirana..............

Candra Kirana : Wonten menopo romo ?

Raja Daha : Iki wocoen !!!
Koq wanine awakmu.

Candra Kirana : Niki fitnah romo. Kula mboten nate nglampahi niki, saestu romo.

( sujud nang sikile romone )
Raja Daha : Cukup, Kira. Metu awakmu saka kene..metu karo pengawal kurang ajar iku !!!

Candra Kirana : Namung romo (mohon-mohon)

Raja Daha : Metu..........!!!

Baca juga: Materi Polinomial Kelas 11: Pengertian, Penjelasan, Rumus, dan Contoh Soal

Baca juga: Mengenal Full Block Style (Bentuk Lurus Penuh): Pengertian, Bagian, dan Susunan-susunannya

Baca juga: Apa itu Fintech Lending? Berikut Pengertian, Cara Kerja Serta Keuntungannya! Cocok Buatmu yang Ingin Dana Tambahan

Sumber:

UPDATE TERBARU