Saturday 3rd of May 2025
×

Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa tentang Kelakuan Elek, Lengkap dengan Dalil

Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa tentang Kelakuan Elek, Lengkap dengan Dalil

--

 
Jamaah Rahimakumullah
 
Mboten wonten menungso ingkang suci mboten anggadahi cela alias aib utawi kekurangan. Menawi kito manggihi tiang kok sae, sekedik kepireng kekurangane, meniko berarti tasih dirahmati Allah SWT. Rahasiane disimpen rapet kale Gusti Pengeran.
 
Tapi nopo kewajiban kito menawi sampun semerap mboten wonten ingkang sempurno lan kebak kalian kekurangan? Nabi SW ngimutaken kito sedoto kangge mboten bangga kalian duso ingkang sampun dilakoni. Kekurangan meniko empon ngantos diceritaaken teng tiang sanes, nopo malih dateng anak, putu lan keluarga kelawan bangga. Empon ngantos justru ngumbar eleke awak dateng wong liyo.
 
كُلُّ أُمَّتِي مُعَافًى إِلَّا الْمُجَاهِرِينَ وَإِنَّ مِنْ الْمُجَاهَرَةِ أَنْ يَعْمَلَ الرَّجُلُ بِاللَّيْلِ عَمَلًا ثُمَّ يُصْبِحَ وَقَدْ سَتَرَهُ اللَّهُ عَلَيْهِ فَيَقُولَ يَا فُلَانُ عَمِلْتُ الْبَارِحَةَ كَذَا وَكَذَا وَقَدْ بَاتَ يَسْتُرُهُ رَبُّهُ وَيُصْبِحُ يَكْشِفُ سِتْرَ اللَّهِ عَنْهُ
 
Artosipun: Kabeh umatku mu'afa (disepuro dusane), kecuali wong sing ngelakoni duso kelawan terang-terangan. Lan saktemene termasuk ngelakoni duso kelawan terang-terangan inggih niku, ono wong ngelakoni kelakoan maksiat wayah bengi, tapi wayah mlebu waktu isuk ngucap: "Hai, rek! Wingi bengi aku wis ngelakoni maksiat ngini lan ngini. Wong model ngini iki padalah ngelewati bengi kemaksiatane ditutupi Pengeran, ananging wayah isuk bukak kelambu utawi tutupe Allah iku teko awake. (HR Bukhari, no, 6069; Muslim)
 
 
 
 
Jamaah Rahimakumullah
 
Milo ing kesempatan ingkang sae meniko kulo ngajak dateng awak piyambak lan jamaah sedoyo, monggo lereni ngumbar duso. Aku wingi mari nyolong, aku kapanane mari melanggaran aturan pemerintah tapi gak ketangkep. Bangi wingi aku nang kuta gak gawe helm tapi gak opo-opo. Nak, bapak wayah cilik iku ndablek, cong embahmu iki disek pacare akeh. Utawi ngomongi anak cilik, ngumbar aib bapake kancane. Le, bapakmu iku sakjane ndablek, sekolahe sering gak munggah lan kalimat-kalimat lintune ingkang sering kito pirangeken teng pasar lan naliko jagongan.
Sumber:

UPDATE TERBARU