Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa tentang Kelakuan Elek, Lengkap dengan Dalil
Kamis
06-04-2023 /
10:22 WIB

--
Jamaah ingkang Dirahmati Allah
Alhamdulillah siang meniko kito diparingi awak sehat lan hidayah sahinggo purun rawuh teng masjid. Tujuanipun ngelaksanaaken shalat Jumat berjamaah. Monggo kesempatan meniko kito ginaaken saestu kangge nambahi ajrih utawi takwallah kelawan ngelaksanaaken perintah lan nebbihi awisanipun.
Menawi penjenengan dados perangkat deso, pegawai negeri, pegawai kantoran, tentu semerap. Menawi wonten pengumuman kok disampeaken saben minggu, berarti meniko termasuk penting sanget. Niki wonten pengumuman ingkang disampeaken saben Jumat kalian khatib kangge takwallah. Berarti pesen meniko penting sanget kangge kito perhatosaken lan laksanaaken. Soal nopo manfaate takwa, mboten usah dipadosi. Ingkang langkung penting kadospundi saben dinten lan saben Jumat kito terus berusaha nambah tawallah.
Jamaah ingkang Berbahagia
Di antara wujud takwallah meniko inggih mboten pamer keelekan. Setiap kito tentu anggadai aib masa lalu. Naliko alit mungkin nyolongan, betthik. Wayah umur sekolah sering mbolos, pe-er mboten dilakoni, nyuwun sangu dateng bapak lan ibu, ananging mboten tekan sekolahan. Mondok mungkin inggih enten ingkang dados santri nakal, langganan melanggar peraturan lan lintunipun. Naliko remaja, sering gonta-ganti pacar, boncengan kale tiang estri ngantos tekan luar kota. Duwito wong tuane dicolong saperlu damel nraktir lan ngebosi konco-koncone. Tiyang sepahe ngantos ngelus dodo, mboten kuat nyawang kelakoan anake. Bahkan enten ingkang ngantos sampun berkeluarga tasih selingkuh. Kerjo teng kantor senengane telat, korupsi lan lintune. Niki sampun pansiun saking penggawean, kadang wonten ingkang dereng berubah.
Editor:
Anis Ulfa
UPDATE TERBARU
Apa Akun Instagram Diana Prasastiawati? Dosen Universitas Negeri Yogyakarta ydang Dinilai Gila Hormat oleh Netizen
Senin / 16-06-2025,14:26 WIB
Musisi Gustiwiw Ditemukan Meninggal di Penginapan, Ibunda Beberkan Keadaan yang Dialami sebelumnya
Senin / 16-06-2025,14:26 WIB
Siapa Lily Kenzie? Selebgram yang Pernah Kontroversi sebelum Isu Perselingkuhan yang Dialaminya
Senin / 16-06-2025,14:25 WIB
Lily Kenzie Diselingkuhi? Rekaman Suara yang Diduga Milik Abenk Diungkap oleh Owner iPhone by Sheila
Senin / 16-06-2025,14:24 WIB
Link Video Viral Nurul Hidayah 1080p HD Tanpa Sensor, Unggahan Tak Senonohnya Sudah Ditonton Lebih dari 100ribu Kali
Senin / 16-06-2025,14:23 WIB