Monday 20th of May 2024

Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat Mudah Dipahami, Bisa Digunakan dalam Berbagai Acara!

×

Contoh Teks MC Bahasa Jawa Singkat Mudah Dipahami, Bisa Digunakan dalam Berbagai Acara!

--

Pun anak Bagus Jagad Pinilih ingkang sampun lahir kanthi wilujeng ndungkap pitung dinten ing kalenggahan menika.

Sholawat saha salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rosulullah SAW minangka rahmatan lil alamin, para kulawarga, para sahabatipun, lan para padherekipun ingkang tansah setya bekti dumugi pungkasaning jaman.


Para tamu sinedhahan ingkang winantu ing pakurmatan, kula Imam Sukoco ingkang kasraya minangka pambiwara ing wekdal menika badhe angaturaken menggah urut-urutaning lampah adicara tasyakuran aqiqoh ingkang sanget prasaja ing dalu menika, inggih menika adicara :

  1. Sepisan pambuka
  2. Kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al Qur’an saha tegesipun utawi saritilawah.
  3. Adicara kaping tiga atur pambagyaharja
  4. Pengaosan
  5. Doa wilujeng kalajengaken upacara tigas rikma
  6. Adicara sepekenan bayi utawi aqiqoh paripurna.

Mekaten para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kula bekteni, menggah reroncening adicara tasyakuran aqiqoh lairipun anak Bagus Jagad Pinilih

Baca juga: Referensi Teks MC Bahasa Inggris Islami (Pondok Pesantren), Sederhana dan Mudah Untuk Dipraktekkan!

Baca juga: Kumpulan Contoh Teks MC Pengajian Ibu Shohibul Bahasa Sunda, Sederhana dan Bikin Cair Suasana

Baca juga: Contoh Teks MC Bahasa Sunda Pengajian Ibu Shohibul, Singkat Padat dan Mudah Dihafalkan

Teks MC Siraman Manten

Assalamu alaikum warrahmatullahi wabarrakatuh

Para sesepuh, para pinisepuh, sarta sagung para tamu kakung putri ingkang winantu ing pakurmatan.

Mugi Sih Rahmat Nugrahaning Gusti Allah Ingkang Maha Agung kapatedhakna dhumateng kita sedaya, hing satemah sageda hanyembuh kawilujengan lahir lan batos.

Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah hameminta, mugi Sih Wilasa Wilasanipun Pangeran, tansah sumrambaha hing papan menika, satemah hamung pinanggih wilujeng raharja nir ing sambekala.

Kanthi tansah hanyenyadhang rahmat saha berkahing Allah Ingkang Maha Asih, keparengna kula ingkang jejer pambiwara ngaturaken rancanganing lampah-lampah tatacara siraman badhe penganten putri saha sadeyan dhawet ing siyang menika, wondene pratelanipun mekaten:

  1. Lampah ingkang kapisan, sungkemipun badhe penganten putri Dewi Kartika dhumateng Rama sarta Ibu
  2. Manawi sampun purna anggenipun sungkem, Rara Dewi Kartika tumuli kakanthi tumuju ing papan siraman. Dupi badhe penganten sampun satata lenggah, tatacara siraman lajeng katindakaken.
  3. Manawi tatacara siraman sampun purna, Rara Dewi Kartika lajeng kakanthi manjing ing patenggan, hanindakaken tatacara sengkeran.
  4. Badhe penganten putri sasampunipun manjing patenggan sigra anindakaken tatacara pethet rikma utawi tigas rikma saha sadeyan dhawet.

Mekaten para tamu kakung putri, menggah rantaman inggih rancanganing tatacara siraman saha sadeyan dhawet hing wanci siyang menika, handadosna hing kawuningan.

Demikianlah informasi yang dapat kami bagikan mengenai contoh teks MC Bahasa Jawa singkat dan mudah untuk dipahami yang bisa digunakan dalam berbagai acara. Sekian informasi dari kami semoga bisa bermannfaat dan membantu.

Sumber:

UPDATE TERBARU