Sunday 19th of May 2024

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 13-15 Materi Teks Laporan Asil Observasi

×

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 13-15 Materi Teks Laporan Asil Observasi

--

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 13-15

Kegiatan 2: Nintingi Teks Laporan Asil Observasi Kanthi Klompok

Ing pasinaon iki para siswa bakal sinau bebarengan sajroning klompok. Gawea klompok, saben klompok anggotane 4-5 siswa!


Tugas 1: Nintingi Struktur Teks Laporan Asil Observasi

  1. Teks laporan asil observasi ing ngisor iki durung urut. Coba ukara-ukara ing kolom ngisor iki tintingana, sabanjure wenehana nomer saengga bisa dadi teks laporan asil observasi sing urut (baca teks lengkap di buku).

Jawaban:

Teks: Alam saisine minangka anugrah saka Gusti kang Maha Agung tumprap manungsa. Alam lan lingkungan bisa kajaga kaseimbangane, menawa manungsa bisa tumindak wicaksana njaga kalestrene alam lan ora ngrusak lingkungan.

Teks: Alas-alas dirusak, wit-witan dikethoki kanthi sembarangan bakal mbebayani. Ing mangsa udan menawa alas gundhul bakal dumadi bencana alam arupa lemah longsor lan bencana banjir.

Teks: Manungsa bisa manfaatake isining kekayaan alam ananging aja srakah, tanpa mretungake akibate.

Teks: Dumadine musibah bencana alam ing Indonesia, rata-rata disebabake saka tumindake manungsa dhewe kang ora bisa njaga keseimbangane alam.

Teks: Menawa keseimbangan alam ora kejaga kanthi apik lan dumadi karusakan alam kang mutawatiri, mula manungsa dhewe kang bakal ngalami kapitunan gedhe.

Teks: Mulane minangka titahing Gusti, manungsa kudu bisa njaga kaseimbangan lan kalestarene alam lan lingkungan supaya ora dumadi bencana alam.

  1. Sawise ngurutake paragrap ing dhuwur, irah-irahan sing cocok kanggo wacan ing dhuwur, yaiku:

Jawaban:

Bencana alam

  1. Saka wacan ing dhuwur bisa diidhentifikasi bagean dhefinisi umum, dheskripsi bagean, lan dheskripsi manfaat/kagunan kaya ing ngisor iki!

Baca juga: Rekomendasi Aplikasi Citer FF Asli Auto Headshot Terbaik 2023, Langsung Booyah Seketika!

Baca juga: Racikan Martin Odegaard di eFootball 2023, Begini Statistik Lengkap dari Pemainnya

Baca juga: Download eFootball 2023 v2.3.0 Patch Notes, Mampu Atasi Bug Error dalam Hitungan Detik

Jawaban:

Struktur teks: dhefinisi umum Ukara: Alam saisine minangka anugrah saka Gusti kang Maha Agung tumprap manungsa. Alam lan lingkungan bisa kajaga kaseimbangane, menawa manungsa bisa tumindak wicaksana njaga kalestrene alam lan ora ngrusak lingkungan.

Struktur teks: dheskripsi bagean Ukara: Manungsa bisa manfaatake isining kekayaan alam ananging aja srakah, tanpa mretungake akibate.

Struktur teks: dheskripsi kagunan/manfaat Ukara: Mulane minangka titahing Gusti, manungsa kudu bisa njaga kaseimbangan lan kalestarene alam lan lingkungan supaya ora dumadi bencana alam.

Nah, itu dia informasi sekilas mengenai kunci jawaban bahasa jawa kelas 9 halaman 13-15. Semoga bermanfaat.

 

Sumber:

UPDATE TERBARU