Sunday 19th of May 2024

Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Tentang Ketoprak dan Wayang Kulit, Tugas Sekolah Jadi Aman

×

Contoh Teks Eksposisi Bahasa Jawa Tentang Ketoprak dan Wayang Kulit, Tugas Sekolah Jadi Aman

--

Contoh teks tentang ketoprak

Kethoprak mujudake salah siji kesenian panggung khas Indonesia kang lumrahe ditampilake kanthi migunakake basa Jawa.

Lumrahe lakon-lakon kang kerep dipentasake ing pagelaran kethoprak yaiku crita-crita legenda utawa samubarang kang ora adoh saka jagading kraton.


Mulane rancake kang dadi paraga utawa kang ana ing pagelaran kethoprak yaiku para pangeran, putri, utawa sawijining raja kang jumeneng nata ing sawijining kerajaan.

Mulane  ora nggumunake yen undheraning masalah kang ana ing pagelaran kethoprak iku istana sentris banget.

Ngenani asal-usule kethoprak dhewe durung akeh kang bisa dingerteni. Ana kang kandha kethoprak wis ditepungi masyarakat Jawa wiwit jaman Sultan Agung jumeneng nata kerajaan Mataram Islam.

Dene saperangan maneh ana kang kandha kethoprak lagi ditepungi masyarakat Jawa bebarengan klawan pindhahe Kraton Kartasura menyang Kraton Surakarta.

Ing jaman kawitane, iringan kang digunakake sajroning ngiringi lakune kethoprak mung lesung wae, nanging sairing lakune jaman.

Iringan kang digunakake kanggo ngiringi lakune pagelaran kethoprak banjur akeh kang ngalami owah-owahan.

Samungkure mung diiringi nganggo lesung. Iringan kethoprak banjur diganti klawan gamelan sapangkon.

Ketoprak ing Jaman Modern

Dene ing jaman modern iki piranti kang digunakake kanggo ngiringi kethoprak katambahan piranti musik modern.

Biyasane ing sajroning kethoprak mesthi ana segmen kang diisi kanggo nampilake adegan dagelan.

Segmen iki mujudake salah siji segmen kang paling dirantu dening pandhemen seni pagelaran kethoprak. Saliyane banyolane kang lucu, ing segmen kerep ditemokake kritik saka para dagelan ngenani kahanan kang ana ing masyarakat.

Ing jagading pagelaran kethoprak, segmen dagelan iki banget dibutuhake. Jalaran segmen bisa digunakake kanggo nglerem swasana sawetara wektu. Tegese amrih emosine penonton bisa lerem sawetara wektu.

Kethoprak kang ana ing dinane iki bisa diperang dadi loro yaiku kethoprak kang ditampilake sacara ekspresif lan kethoprak kang ditampilake kanthi cara lenggahan.

Kethoprak kang ditampilake sacara ekspresif iki mujudake pagelaran kethoprak paling umum kang asring dipentasake ing saweneh papan.

Para paraga sajroning pagelaran iki saliyane ngolah swara uga ngolah ulate pasuryan lan nindakake olah awak amrih karaktek kang dimainake bisa urip.

Beda maneh karo kethoprak kang ditampilake kanthi cara lenggahan. Para paraga kang ana ing pagelaran kethoprak iki mung lenggahan ing panggung.

Banjur para pemaine micara miturut lakune crita. Nah, amrih bisa narik kawigatene penonton, para paraga kudu wasis anggene nindakake olah swara. Saengga apa kang diandharake bisa kaya tenanan senajan anggene ngandharake kanthi lenggahan.

Ketoprak Kaancem Punah?

Ing dinane iki kesenian kethoprak mujudake salah siji kesenian tradisional kang kaancam punah. Salah siji kang dadi penyebabe yaiku jarang banget ana pawongan kang gelem nanggap utawa nonton kethoprak.

Sejatine wis maneka cara ditindakake kanggo ngangkat kethoprak murih disenengi generasi milenial.

Sumber:

UPDATE TERBARU