Wednesday 19th of June 2024

Kumpulan Naskah Drama Sunda 10 Orang, dengan Berbagai Tema dan Menghibur!

×

Kumpulan Naskah Drama Sunda 10 Orang, dengan Berbagai Tema dan Menghibur!

--

Sebagai tambahan kami berikan teks drama 10 orang dalam bahasa Jawa:

Babak 1


Ing keraton Daha ana raja kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu rupane, putri Candrakirana lan Putri Galuh Ajeng. Putri Candrakirana yaiku putri kang ramah lan ayu. Dheweke arep dinikahno karo pangeran saka keraton Kahuripan kang asma Raden Inu Kertapati.

Raja Daha : Anakku, mreneo !

Candra Kirana : Wonten menapa romo ?

Galuh : Menapa rama inggih nimbali kula ?

Raja Daha : Iyo anakku, ana seng arep tak sampekno marang kowe

kabeh. Sesuk raden Inu Kertapati saka keraton Kahuripan arep teko mrene.

Galuh : Lajeng wonten menopo romo ?

Wonten hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbakyu, Romo ?

Raja Daha : Romo wes nggawe perjanjian karo romone, yen romo arep nikahno salah sijine saka anakku karo Raden Inu Kertapati.

Galuh : Sinten engkang badhe dipun nikahken kaleh Raden Inu, Romo ?

Raja Daha : Aku lan romone Raden Inu wes sepakat yen Raden Inu Kertapati arep dinikahno karo Candra Kirana.

Candra Kirana : Matur suwun sanget romo, kulo bungah banget, nggeh niki seng kulo impi-impi aken wiwit tasik alit.

Raja Daha : Temen ta iku ? yen ngunu pancen ora salah milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu. Ayo nggek ndang disipano kanggo nyambut tekane Raden Inu

Candra Kirana lan romone ninggalno ruangan karo perasaan bungah. Ananging Galuh Ajeng nduweni roso liyo, yaiku mangkel lan kuciwo.

Galuh : Aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo’o koq Candra Kirana sing dipilih, koq duduk aku ? padahal aku jelas luwih ayu. Iki ora adil, saiki opo seng mesti tak lakoni ?
Aha...............

Sumber:

UPDATE TERBARU