Saturday 20th of April 2024

Kumpulan Sesorah Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak, Ceramah Singkat dan Mudah Dipahami

×

Kumpulan Sesorah Pidato Bahasa Jawa tentang Akhlak, Ceramah Singkat dan Mudah Dipahami

--

Contoh 1

Assalamu’alaikum Wr Wb


رَبِّ اشْرَحْ لِيْ صَدْرِيْ وَيَسِّرْ لِيْٓ اَمْرِيْ وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّنْ لِّسَانِيْ يَفْقَهُوْا قَوْلِيْ
أما بعد

Ingkang pertami, sumangga kito aturaken puji lan syukur kita kehadirat Allah swt. ingkang tansah maringi kita kesarasan lan ingkang paling utami nikmat akidah lan akhlak.

Ingkang kaping kalih sholawat saha salam mugi-mugi tetap kojuk dhateng Nabi Muhammad saw. nabi penutup saking para nabi ingkang akhlakipun tansah kita dadosaken teladan.

Para rawuh ingkang dirahmati Allah

Saestunipun Nabi Muhammad sampun bersabda lebet haditsipun:

إِنَّمَا بُعِثْتُ لأُتَمِّمَ مَكَارِمَ الأَخْلاق

Ingkang gadhah artos, “Saestunipun kula sampun dipun-utus kagem nyempurnakaken akhlak.” Menika tugas ingkang awrat sanget lan ageng sanget. Amargi punapa?

Bilih manungsa nggadhahi akhlak ingkang mulia, akhlak puniku ajeng dados benteng kangge njagi piyambakipun saking akidah ingkang melenceng saking Islam.

Kalih akhak ingkang mulia, salah setunggaling tiyang ajeng gesang lebet ketenanangan.

Upaminipun , kalih gadhah akhlak qanaah, piyambakipun ajeng mboten gampil rumaos iri lan serakah kaliyan nikmat ingkang piyambakipun gadhahi lan nikmat tiyang benten. Piyambakipun ajeng tansah rumaos cekap kalih sukanan Allah.

Kaliyan akhlak husnudzon, piyambakipun mboten ajeng gampil manahaken awon lan tansah nganggep sae inggil kedadosan ingkang menimpanipun.

Baca juga: Contoh Pidato Singkat Tentang Akhlak dalam Bahasa Jawa, Mudah Dihafalkan Disertai dengan Dalil

Baca juga: Kumpulan Kultum Ramadhan Singkat tentang Kehidupan Sehari-hari, Cocok Untuk Materi Ceramah Sambil Ngabuburit

Baca juga: Contoh Kultum Kehidupan Sehari hari dengan Pembahasan yang Ringan Namun Berisi

Sumber:

UPDATE TERBARU